


Oscar's Oasis
Oscar's Oasis | |
---|---|
Format | animasi |
Sutradara | David Garcia Tae-Sik Shin |
Basa | Inggris |
Gunggung musim | 1 |
Gunggung épisode | 78 |
Prodhuksi | |
Produser eksekutif | Sung-Jai Ahn Corinne Kouper Eugene Kang Tom van Waveren GenevieveDexter Guillaume Hellouin |
Durasi | 7 menit |
Distributor | Cake Entertainment |
Siaran | |
Saluran asli | Disney Channel Asia(vèrsi asli) Disney Channel Australia Nintendo 3DS |
Oscar's Oasis iku program kang diprodhuksi déning TeamTO lan Tuba Entertainment kang ana gegayutané karo Cake Entertainment lan dibabaraké ing Disney Channel ing Asia. Saiki, dibabaraké ing Disney Channel Australia. Oscar's Oasis uga bisa dideleng ing Nintendo 3DS ing 3D Australia lan Éropah. Saben èpisodené suwéné mung 7 menit lan kabèhé ana 78. Saiki, 3 èpisode wis kababaraké ing Disney Channel Australia, ing saben dina Senèn wengi jam 4:15. Ing Indonésia, Oscar's Oasis dibabaraké ing MNC TV.
Oscar’s Oasis nyritakaké petualangan Oscar, kadhal kang uripé ing segara wedhi. Saben dinané dheèwèké mesthi ditutaké telung mungsuhé, yaiku Buck, Harchi (uga ana kang ngarani Harachi) lan Poppy. Ora ana informasi kang mbabaraké mungsuhé iku kalebu kéwan apa. Yèn dideleng saka wujudé, Buck iku manuk pamangsa, Harchi ikuHyena, lan Poppy garangan wadon. Sing mesthi, kéwan telu iku mesthi ngetutaké Oscar ing ngendi waé. Kéwan-kéwan iku uga mesthi kepingin njupuk apa waé kang diéntukaké déning Oscar. Nanging, Oscar luwih cerdhik lan gesit kanggo ngalangi niyaté mungsuhé iku. Tujuwané Oscar janjané mung prasaja, golèk banyu kanggo ngombé, panggonan kanggo ngadhem, lan panganankang bisa dipangan. Nanging misi iku dadi angèl amarga dhèwèké uripé ing segara wedhi kang gersang.[1]
Animasi kang ana ing Éropah ditepungi kanthi irah-irahan Oscar & Co iku mujudaké asil kerja tim kang nduwèni anggota Arthur Qwak, Tae Sik Shin, Joeri Christiaen, Frédéric Martin, Fabrice Fouquet, Stéphane Mit, Yoshimichi Tamura, Geoffroy de Crécy, Lionel Allaix, Marco Allard,Dominique Debar lan Olivier Derynck.[2]
Tidak ada komentar:
Posting Komentar